23 Juli 2009

KULO LARE NGAWI (Jatim)


Kulo lare Ngawi asli, ngawiti sekolah wonten TK. Pertiwi Jl. Diponegoro (cedhaq TM Pahlawan) trus dilanjutaken wonten SDN Diponegoro I (SDN Pelem) tamat tahun 1969/1970, saksampunipun nglajengaken ing SMPN II Ngawi jebol tahun 1973, lha hasil KKN wedal meniko kulo ditampi ing SMAN IV Ngayogyokarto Hadiningrat.
Tahun 1977 kulo nyobi mlebet lan ditampi ing Fakultas Perikanan Universitas Diponegoro Semarang, mergo radi bosen ing Semarang, kulo nyobi malih ngedaftar ing Fakultas Kehutanan Universitas Gadjah Mada Yogyakarta Tahun 1978 Alhamdulillah ditampi malih ngatos tahun 1985 (Suwe wong rodo bodo). Lha .... nderek dalane urip sakmangke kulo nyangkul ing Dinas Kehutanan Propinsi Sumatera Barat.

Tidak ada komentar: